WELCOME TO MY BLOG...THE SPIRIT FOR YOUR LIVE

HAI...HAI...HAI...PORO SEDULUR KABEH MATUR SUWUN SAMPUN TUMUT GAYENGAKE BLOG KULO MENIKO...AJINING DIRI MUNG SOKO LATHI.
BY: ARDLAND.

FLASH BACK "RIYOYO'

on 9.22.2009


ALLAHU AKBAR....ALLAHU AKBAR...ALLAHU AKBAR..WALILLAHILHAM....
....Alhamdulillah....Riyoyo maneh coy....wes tak bayangke klambi anyar, sandal CARVIL anyar lan pasthine roti- roti seng maneko warno temoto neng mejo tamu. Sewulan wes nuthuk posone, sakiki mangsane bebungah bareng- bareng. Ora tiyang sepuh, muda- mudi lan bocah cilik podho ngrayake "bodho" seng teko namung setahun kaping pisan iki. Wah...bakalan oleh THR juga, opo maneh bocah cilik mestine rejeh duwite, iyo tho?!
Esuk- esuk aku wis sumringah tangine banjur siap- siap kanggo sholat Ied neng masjid tonggo deso( Dusun Koto sak elinge..). Klambi seng ditumbaske Eyang wingi ora lali tak enggo kanthi mesam- mesem neng ngarep koco kamarku. oyo, aku kudu ngampiri NITA( koncoku seng omahe cedhak kebon salak kae...). Wah blaik ki, tekan masjid wis kebak wong- wong. Alhamdulillah isih ono panggonan neng mburi cukup kanggo aku lan dhe' e. Sholat Ied imame ben tahun yo ra ganthi, MBAH DULLAH( aku ra ngece lho tapi rambute koyo sarimie putih....hehehe..). Tapi Tausyahe nggawe nangis, trenyuh atiku...
Muleh soko masjid langsung nglakoni kuwajibane anak, yaiku Sungkeman karo bapak ibu...PAK'e..MAK'e...NGATURAKEN SEMBAH SUNGKEM...SEDOYO KALEPATAN KULO NYUWUN PANGAPUNTEN...NYUWUN PARINGI TAMBAH DONGA'...AMIN....Tes..tes...tes..ra kroso eluhku mili neng pipi...( tapi neng ati ra lali ndongo "nyuwun artone kanggo jajan tlembungan neng warunge Pak Nu, Pangonan.."he3X..)
.........................

Nanging....iku crito sepuluh tahun kepungkur....caploke aku isih cilik, neng kampung PANDEYAN...isih ingusan, durung ngerti opo- opo lan isin- isin nek pacaran, yo anane cuma pasaran, dolanan boneka soko papah gedhang lan motor- motoran soko botho...
Sakiki...riyoyo tak rasake hambar tenan neng perantauan kene. istilahe "jangan kurang uyah".
ALLAHU AKBAR..ALLAHU AKBAR..ALLAHU AKBAR..WALILLIAHILHAM...
takbir soko masjid Darul Muallam kae ora biso mampetke eluh mataku iki...aku kangen bapak...keluargaku neng kampung halaman...kumpul- kumpul bareng, mangan ketupat karo opor ayam...kabeh kuwi rak biso tak laleke sakjeke uripku, Ya Bapak...njaluk ngapuro seng akeh anakmu iki...4 tahun merantau neng mBATAM, durung biso muleh kampung halaman...njaluk samudro pangapurone seng jembar lan pandongone.....
MINAL AIDZIN WAL FAIDZIN. Sembah sujud anakmu: WULAN

0 komentar:

Posting Komentar